Jumat, 03 Maret 2006

Iman (Jawi)

 RISALAH SRI SUSUHUNAN MAGELANG HADININGRAT

KEPADA

JAMAAH TILAWAH

BISMILLAH

Bismillah, innalhamda lillah, wa sholatu wa salamullhi alannabiyyihil karim, akromil kholaiqi wal basyar, wa alihi wa ashabihi akta’in wa ba’d

K Cap Hitamatur dhumateng para sedherek sami, kaum muslimin twin muslimat samudayanipun ingkang tansah tuhu kinurmatan, sumangga langkung rumiyin kita sesarengan hamunjuaken raos puji miwah syukur, ingkang satemah hanamung tuhu pantes kakonjuaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Wikan, nun inggih Alloh Ta’ala. Datan katalumpen sholawat sarta salam mugi tansah kajiwa twin kasarira dhumateng junjungan kita samya, nun inggih titah ingkang hanjejeri padhanging jagad saha ingkang dupi sesekaring bawana, datan kalintu inggih punika Nabi Agung Muhammad saw, sumrambah dhumateng para kulawarga twin para sahabatipun, lumeber mring kita sami ingkang satuhu hanetepi darmaning agami ingkang jejeg, midherek wewaleripun Alloh lumantar Qur an twin dhawuh ugi tindak lampahipun Kanjeng Rasul Muhammad saw, ingkang kasebat Sunnah. Amieen

Saderengipun tuhu linepatna ing deduka miwah hangaturaken agunging panuwun, nglenggana bilih kula ngrumaos hanamung jejering titah ingkang taksih tebih saking kasampurnan, wiwit babagan basa dumuginipun ilmu agami, pramila kersaha para kadang tilawah samya, paring panyaruwe twin pamrayogi dhumateng seratan kula punika mrih saged hanngayuh kasaenan twin kamanfaatan, khususipun kagem pribadi kula, umumipun kagem sedaya para kadang sutresna tilawah sami.

Mangga seratan punika kita wiwiti kanthi pangandikanipun Alloh wonten kitab suci Al Qur an

“wa lan tardlo anka al yahudu wa la annashoro hatta tattabi’a millatahum”...

Allohummarhamna bil qur an.amien

Ma’nanipun

”Lan nora bakal rela saka sliramu, wong yahudi lan nasrani sahengga sliramu melu ing agamane yahudi/ nasrani”...

Mugya Alloh tansah paring rahmat kelawan Al qur an dhumateng kita sadaya, amien

WhatsApp Image 2023-01-01 at 01.07.51Nah, saking ayat wau sampun wijang twin terwaca, bilih mengsah utaminipun akidah islamiyah mboten sanes hanamung kaum kekalih (yahudi ugi nasrani) punika. Cobi kita penggalih sawetawis, bilih dhawuh ingkang dipun emban dening kanjeng Nabi Isa a.s hanamung mituhu kalayan ingkang dipun dhawuhaken Alloh piyambak, mboten sanes hanamung negesaken syariat ingkang sampun dipun asta dening kanjeng nabi Musa a.s lumantar kitabipun ingkang kawastanan “Kitab Taurat”, inggih punika saestu ingkang hamengku syariat Alloh sejati, ingkang mboten sanes nyawijeaken Alloh wonten sadaya perkawis, inggih punika ingkang kawastanan “Tauhid”. Kados ingkang sampun kula aturaken wonten seratan kala rumiyin, bilih jejeripun muslim sejati kedah anggadhahi inti ajaran tauhid tigang perkawis, antawisipun kadi katur mekaten :

- Tauhid uluhiyah : inggih punika tauhid ingkang ngapitadosi twin ngi’tiqodaken bilih sadaya mahluk wonten alam loka punika wonten ingkang nitahaken, ateges sadaya wau sampun terwaca bilih sadaya mboten kadadosan kanthi keleresan kemawon, namung sampun pinesthi dening Sang Kholiq.

- Tauhid rububiyah : inggih punika tauhid ingkang ngapitadosi twin ngi’tiqodaken bilih sadaya mahluk wonten alam loka punika wonten ingkang njagi, ingkang ngreksa, sadaya tansah dipun gatosaken wiwit margi nafkahipun dumuginipun perkawis ingkang alit2. Dados mboten wonten alasan menawi kita cupet ing manah, kedah pidatos bilih sedaya sampun wonten pancinipun piyambak2.

- Tauhid Asma wa ash shifat : Kita kedah pitados twin ngimanaken, bilih hanamung Alloh ingkang hanggadhahi sipat kasampurnan, wonten dalem sadaya tingkahipun. Asma Alloh ingkang Maha Sampurna, ingkang mahlkuk mboten saged nyandhang, kepara mboten wonten mahlkuk ingkang saged mastani sipatipun ingkang agung punika, dados mboten wonten sesembahan sanesipun Alloh ingkang sampurna, namung Alloh ingkang satuhu tunggal wonten sipat, asmanipun kanthi muthlaq twin haq. Benten kalayan ajaran nasrani, bilih Jesus ingkang kawastanan putra pangeran, ingkang kaparingan gelar “Christus”...sang juru selamat...piyambakipun (Jesus) mboten mastani/ nyebataken pribadinipun piyambak kados mekaten, Jesus mboten nyebataken piyambakipun putra Allah, Jesus pinaringan gelar Putra Allah punika jalaran wonten rekadaya saking golongan 2 ingkang nerak wewaleripun Injil. Nalika semanten kirang langkungipun warsa 325 M, kaleres wonten kitha Nicea, golongan Arius (ingkang nggegeki kapitadosanipun bilih Jesus namung satunggaling utusan), ngawontenaken Konsili kalayan golongan Anatasius (ingkang kagungan kapitadosan bilih Jesus punika pangejawantahipun Allah), sahengga dados setunggalipun prapadu, ngantos dumugi voting (mendhet ingkang kathah suwantenipun), naah wekdal punika golongan anatasius saged menang mengsah golongan arius, lajeng golongan arius kawastanan golongan ingkang kesasar..naah, Al qur an tumurun kanthi wijang saha pratitis, meknani inti imanipun kaum nasrani “ wa ma qotaluhu wa ma sholabuhu wa lakin syubbiha lahum”...lan ora padha mateni sapa kaum yahudi ing Jesus/ Isa, lan uga ora mentheng/ nyalib sapa kaum jahudi ing Jesus/ Isa, ananging den samarake sapa wong ing Jesus/ Isa kanggone kaum jahudi”.....Dados wonten ayat punika terwaca, bilih kaum nasrani sampun dipun gorohi dening kaum jahudi, hanamung kaum nasrani malah terkadhang rerencangan kalayan kaum jahudi anggen badhe mengsahi Islam...Sampun cetha kok, Israel twin AS...” Ideologi jahudi ugi Nasrani”...manunggal mengsah negari2 islam kados Iraq, Iran ugi sanesipun, datan katalumpen samangke tentu saged Indonesia....lhak mekaten????Pramila kita sadaya kedah “cancut Tali wanda” ...siap siaga paribasan nyumadyaaken songsong saderengipun jawah....:)

Manawi kaum jahudi cetha, Bilih piymbakipun kondhang dados kaum ingkang licik, ngantos kumawantun ngewah2i isinipun kalam Ilahy, kados kitab taurat ingkang dipun ewah2i dados misnah lan lintu2nipun. Sadaya wau cetha, nggambaraken jumawahipun titah mring ingkang nitahaken, ganjaranipun mboten sanes namung neraka....

Kathah sanget estunipun ingkang badhe kula aturaken, namung kados wekdal sampun sawetawis dalu punika...hehee...dados kula kedah siap2 sumadya badhe ngendelaken badan rumiyin, nembe kala wau makarya wonten kantor,,kok raos jimpe2 twin kesel sanget...monggo...sadaya pamrayogi para kadang tansah kula suwun, mugi2 saged atur gina twin manfaat..amiien

Sinerat 3 Feb 06 ......Sri_susuhunan_six_eat, Kasuhunan Magelang Hadiningrat

L